Friday, February 19, 2010

Jleper nDesoku

Jleper iku salah sawijining désa / kalurahan ing Kecamatan Mijèn, Kabupatèn Demak, provinsi Jawa Tengah, Indonésia.
Deso Jleper kaapit dening kali loro, jenenge kali serang lan kali wulan. Deso Jleper duwe dusun aran ngemplak.
Biyen aku naliko cilik urip ono ing ngemplak desane Jleper. Aku sekolah ono ing madrasah Jleper, jenenge MI Miftahul Huda.Tahun 1971, aku tamat soko madrasah.
Pengalamanku naliko isih ono ndeso nyenegake banget.
Jleper kuwi salah sijine deso ing kecamatan Mijen. Kecamatan Mijen duwe 15 deso : Desa-Desa
1. Bakung ( panggonane pakde Sukardi. Biyen naliko aku isih cilik, kerep diwenehi sangu. Naliko Bodo, aku mesti diwenehi sangu. )
2. Banteng Mati : kuwi deso kidule Jleper. Aku duwe dulur tapi aku lali jenege. Dulurku kuwi rambute brintik, putune nyi Mur wak Kasan kyai.
3. Bermi : kuwi deso sak kidule Mijen, kaline akeh iwake. Salah sijine yoiku iwak sili. Sak iki yen aku kepingin iwak sili lungo menyang lamongan. Ning kono ono warung sing dodol pepesan sili. Rodo pedes, tapi tetep tak parani mrono.
4. Gempolsongo : aku ora pati ngerti deso iki
5. Geneng
6. Jleper
7. Mijèn ibu kota kecamatan lan kawedanan wedung. Biyen naliko aku melo lomba kasti aku keno gebuk bal kasti. Larane nganti sak iki isih iso aku rasakke.
8. Mlatèn : kuwi panggonane dulule kumaidi anake lik gedhor.
9. Ngegot : kancaku akeh soko ngegot. Pakde Kayatun ugo rabi karo makde sripatun sing omahe ngganjing ngegot. Pakde lkayatun duwe anak 4, ka khan, lan liya-liyane.
10. Ngela Kulon : aku nduwe dulur. Sing tak elingi kuwi makdeku entuk pakde carik ngelo kulon. Terus mbah Kholil ugo entuk mbah Yah soko ngelo kulon. Ono meneh makde Rub ugo entuk pakde Harsoyo. Kancane pakde ragil asmane pak Ali. PakZaenur yen ngumbah kerise dikumbah karo mbah kusen ngelo kulon. Ono kancaku sak kelas jenenge Hasyim. Sak iki deweke dadi guru. Guruku loro ugo soko ngelo kulon yaoyi pak Khumaidi karo pak Sonhaji.
11. Ngela Wétan : aku ora pati ngerti karo deso iki.
12. Pasir : pasir iku deso sing gede sak kecamatan.
13. Pecuk : kuwi tonggo deso sebelah wetan ngemplak. Biyen pak Zaenur senenge nyewo sawah pecuk. Biasane nyewo karo carik pecuk sing brengose nyekanthang lan isih kepernah sedulur.
14. Rejasari : Kuwi desane miftah, saiki miftah ono pangkalan Bun. Miftah kuwi putrane Lik Mashur, garwane lek Kofi. Lik kosim ugo entuk lik siti sing omahe resosari. Resosari nanti ganti jeneng yaitu rejosari mulyo. Tapi opo sak iki dari ganti? Aku ora ngerti.
15. Tanggul : desane kidul wetan njleper.

No comments: